Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2014

Mburu Uceng kelangan Deleg

Iwak Uceng  Mburu Uceng kelangan deleg paribasan nduwur iku menawa wes akeh sing ora ngerti artine babar blas, najan saiki basa jawa mlebu muatan lokal ing pasinaon SD SD ing Tlatah jawa. Sejatine paribasan nduwur iku nduweni arti yaiku : nggoleki barang sing sepele utawa remeh, nanging akhire malah kelangan barange sing luweh mbejaji/luweh larang regane. Contone, mbelani nggoleki duwite sing cemplung sumur, banjur malah kelangan nyawane amargo nyedot zat Monooksida. Akeh piwulang lan Conto conto liyane.  #photo by :http://sonimancing.blogspot.com/2009/09/iwak-uceng.html

Mangsa Kampanye

Dina Dina iki, lagi ramer rame ne kampanye. ana 2 calon presiden, capres sing arep maju melu pemilihian presiden ing tanggal 9 juli 2014 mengko. Jan jane kabeh padha kuate, sing njalari rame kampanye iki yo para pendukung lan botoh botohe. Kabeh njaluk menange dewe dewe. Iki ana salah sawijining data statistik, sapa sing bakal kira kira pantes mimpin negara iki, amarga sing diayahi lan diemban ya ora entheng. hayooo..., kisanak kabeh njur arep milih sapa sing pantes?? Data Prabowo vs Jokowi