Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2014

Wit Kurmo ing Ngarep pendhapa magetan

ilustrasi Sakjane, yen omong babagan wit witan iki yo dudu penggaweanku. Nanging bengi iki aku kudu cepet cepet crita yen ana kurmo iso uwoh ing Magetan. Yen ora percaya apa sing tak critakne, monggo tindak dumateng Pendhapa Kabupaten magetan. Ing sisih ngarep, gerbang sisih Kulon, ana wit Kurmo kang nyenengke. Uwoh telung pang. Aku jane pingin ngabadekne, motret kurmo iku, nanging durung sempat, najan omahku yo cedhak banget karo alun alun. Insya Alloh yen ora ana alangan, sesuk arepe tak posting fotone, ben kabeh dho percaya, kurmo ora mung iso uwoh ing arab, nanging magetan uga iso. Apa sing ora mungkin dening karepe Gusti Alloh?